Kawi | |
---|---|
Jinis | |
Basa | Basa Indonésia |
Kala | c. 8th–abad angka 16 |
Aksara babon | |
Aksara sadulur | Bali Batak Baybayin Buhid Hanunó'o Lontara Sundha kuna Rencong Rejang Tagbanwa |
Kawi (uga kaloka minangka Kavi) iku jeneng kang diwènèhaké marang sistem panulisan kang asalé saka Jawa lan akèh dipigunakaké ing Asia Kidul-wétan sajeroning prasasti lan naskah-naskah saka abad angka 8 watara 1500 AD [1] Kawi uga jeneng basa basa kang dipigunakaké sajeroning prasasti lan tèks, luwih umum ingaran Basa Jawa Kuna ".
Tèks aksara Kawi kang paling wiwitan diweruhi ya iku saka karajan Singasari ing Jawa Wétan. Tulisan kang luwih anyar tinemu ing karajan Majapahit, uga ing Jawa Wétan, Bali, Kalimantan lan Sumatra. Aksara iki kalebu jinis aksara abugida, tegesé aksara diwaca kanthi aksara swara (vokal) kang kagandhèng. Tandha diakritik dipigunakaké kanggo ngilangi aksara swara lan makili aksara mati (konsonan) murni,utawa makili aksara swara liya. Sawijining dhokumèn wigati kang tinulis ing aksara Kawi yakuwi Laguna Copperplate Inscription, kang tinemu ing taun 1989 [2] ing Laguna de Bay, ing Manila. Katulis ing dhokumèn mau tanggal Saka era 822, tegesé tanggal 10 Mèi, 900 CE,[3] lan tinulis ing Basa Malayu Kuna kanthi isi sawatara tembung silihan saka Basa Sangskreta lan sawatara tembung kang dudu saka Basa Malayu lan asalé isih durung cetha antara saka Basa Jawa Kuna utawa Basa Tagalog Kuna[4].